Jumat, 23 Maret 2012

Awas, Macan Siap Nyakar

Maeng sore aku janjian karo mas Blangkon. Mas Blangkon iki vokalise Sangkakala, band heavy metal soko Jogja. Sangkakala wis tau ngetokno album via Yesnowave, netlabel pertama nang Indonesia. Nah, nang tahun Naga Air iki Sangkakala bakal ngetokno album sing dirilis fisik. Rencanane, lek gak ono halangan, album iki bakal dirilis bulan April.

Jam 6 aku wis ndodok nang trotoar ngarepe kosane mas Blangkon. Langite abang, senja. Mas Blangkon tak sms, aku ngabari lek aku wis nang kosane.

"Wah, sik aku sik ngeterno jahitan" jarene.

Yo wis tak enteni karo motrat motret ora jelas. Jam 6 liwat sitik, mas Blangkon teko. Rencanane, mari soko kosane mas Blangkon, aku karo dee kape langsung nang studio tempate Sangkakala mixing. Polae dalane mbulet, dadi mas Blangkon ngajak bareng. Yo wis. Akhire jam 7 kurang sitik, awake dewe budhal. Pancen bener, dalane mbulet cuk. Aku koyoke bakal nyasar pas mulihe.

Nyampe studio, cuma ono Dodi, tukang mixer-e Sangkakala. Dee kuliah jurusan Musik nang ISI. Angkatan 2005. Jarene, mas Atjeh (bass), Iqbal (gitar), karo Tatsoy (drum) bakal teko jam 8-an.

Tenan. Tatsoy teko jam 8 kurang sitik. Trus baru Iqbal, teko jam 8 lebih sitik. Sing teko jam 8 lebih akeh iku mas Atjeh. Setelah personile wis kumpul kabeh, akhire mixing dimulai.




Musike Sangkakala iki asu tenan. Gitare iso njerit-njerit, trus suarane mas Blangkon iki abot, luwih mirip vokalis hardcore timbangane musik glam rock.

"Musike Sangkakala iki pancen perpaduan kok. Dandanan glam rock, semangat ala punk, karo musik ala heavy metal" jarene Blangkon. 

"Saiki awake dewe gak iso nelan mentah-mentah kabeh soko glam rock. Lek aku macak koyok ngene, dadine gak ayu malah dadi koyok bencong" jare Blangkon maneh, karo nduding Steve "Sex" Summer, vokalise Pretty Boy Floyd, sing nggawe bedak karo lipstik dan ketok ayu.

"Sex, drugs, rock n roll iku wis gak jamane. Aku iki baru turu jam 5 isuk, jam 8 wis dikaploki anakku, dikongkon ngeterno nang sekolah" jarene Blangkon cengengesan.

"Iyo, Sangkakala iki gak rock n roll blas. Mosok vokalise ngeterno jaitan, nyablon tok. Sing gitarise dodolan gitar karo efek. Sing Atjeh kerjoane nggambar tok." jarene Dodi karo cekakakan. Dodi iki yo lucu. Jeneng asline iku Yoggi, tapi si Blangkon kuwi pancen iseng. Jenenge diganti dadi Dodi. Akhire sampe saiki jeneng Dodi luwih populer timbangane Yoggi.

Bengi iku Sangkakala nduduhi mixing lagu "Sangkalala" karo "Gang Bang Glam Rock". Musike abot, gitarane sangar, vokalise mbengak bengok, bass-e begajulan. Lek didadikno sak kalimat: sangar cuk!

"Iki email balesane Wok" jarene Blangkon nang arek-arek nang jero studio. Wok The Rock iki founder-e Yesnowave. Dee saiki sedang residensi nang Australia. Jarene Blangkon, Wok iki penasihat spiritual-e Sangkakala.

"Balesane nggawe bahasa Inggris opo bahasa Indonesia?" Atjeh takon.

"Lek nggawe bahasa Inggris dipisuhi wae, wong Madiun ae keminggris" jarene Blangkon karo cekakakan.

Ono cerito lucu soal Wok karo Blangkon. Wok iki asline soko Madiun, nah si Blangkon iki SMA-ne nang Madiun.

"Sekolahku ndisek iku ndeso. Cedek sawah. Ben dino gelut tok isine, aku gak eruh musik" jarene Wok.

"Nangdi to SMA-mu?" si Blangkon takon.

"SMA 4" jarene Wok.

"Jancuk, iku lak SMA-ku pisan" jarene Blangkon.

Ndilalah wong loro iku sak SMA cuk, cuma beda angkatan tok. Hahahaha.

Kopine wis entek. Mixing-e sik tetep lanjut. Tapi aku kudu nyusul Panjul. Arek iku pancen koplak. Ngenet tapi lali nggowo duek. Dadine njaluk susul trus njaluk bayari disek. Uasu. Yo wis, aku pamitan karo Sangkakala.

Pas aku nutup lawang, sik krungu suara koor bagian reff.

Gangbang, glam rock!

2 komentar:

  1. Ha.... keren sam,wingi jek entas crito sangkakala,saiki wis di post.Nonton langsung proses mixing band bergenre favorite piye rasane?sangkakala macak mabuk g pas mixing?ha...

    BalasHapus
    Balasan
    1. Huehehe, iki versi edane. Sing versi serius rodo engko :D Sangar jeh, aku dadi koyok anak band pisan :)) Sangkakala gak macak mabuk, cuma Pretty Bad Boys tok sing macak mabuk pas rekaman karo mixing, hahaha :))

      Hapus